Biografi R.A Kartini (bahasa jawa)

  Nama : Rakhmayanti Imansari 
  Kelas : XI BDP 2
  absen : 18                              



                                R.A Kartini


      Raden Adjeng Kartini lair ing Jepara, 21 April 1879 punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.  


       Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara. Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih. Nami "Kartini" serta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi "karti" ingkang tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking basa Sangskreta kṛtaingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".
     
     Senadyan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara. Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Ananging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggèn wonten ing griya amargi sampun piningit.
   
    Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah ndukung piyambakipun.


      Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun kagungan garwa tiga. Kanggé Kartini bab punika arupi satunggiling panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa mboten patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan rélatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan lan dipun paringi dhukungan kanggé ngadegaken sekolah wanita ing sisih wétan gapura kompleks kantor Kabupatèn Rembang, ing satunggiling bangunan ingkang dinten punika dipunginakaken minangka Gedhung Pramuka.

     Putra pratami lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawetawis dinten sasampunipun, Kartini séda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita déning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kutha sanèsipun. Nami sekolah kasebat inggih punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini punika dipunadegaken déning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis.
Présidhèn Soekarno ngedalaken Kaputusan Presidhèn Republik Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpèngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.




Sumber : http://pun-khie.blogspot.com/2011/03/biografi-ra-kartini-dalam-bahasa-jawa.html?m=1

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JavaScript -1

Merawat bibir dengan scrub